Tobat Sambat
Lakuning ngaurip tinulis kadya buku
Manungsa minangka paraga utama baku
Mung wae duka teka ora sapucuking kuku.
Wetenge luwe nanging ora ana panganan
Mendhung nggelantung kok ora sida udan
Wis akeh sing ngrewangi uga isih kabotan
Alon ngematake laku malah kelangan dalan.
Oalah! Urip kok kebak nanging
Polahe kaya jaranan mangan beling
Menawa nggatekake kae uripe si cacing
Ora akeh sambat senajan kepidak kucing
Kepara njoged yen krungu swarane suling.
Kepriye manungsa anggone ora sambat?
Senajan sampurna, uripe panggah ana cacat
Wis mangan sega nanging kepengin kupat
Kadhangkala tumindak ala mbablasi adat
Sendika dhawuhe ora bisa kaya malaikat
Ora preduli getihe biru turunan ningrat.
Dulur, wernaning urip pancen ijo lan abang
kadhangkala peteng, ora nemu pepadhang
Takdir ginelar dening Sang Maha Dhalang
Manungsa mung nglakoni saderma wayang
Kudu ngupaya yen kepengin nggayuh lintang.
Tansah sabar, tumindak manut dalaning susila
Arepa kepriye kudu nglakoni urip kanthi lila
Rodha munyer ngliwati begja uga memala
Sisaning yuswa aja digawe ngresula.
Aja duka yen uripe pait kaya pare
Ora mokal menawa bale diunggahi kere
Semangat makantar-kantar, Gusti mboten sare!
Batu, 13 Maret 2023
Deni Iska Dian Nita